Laman

Senin, 05 Desember 2011

AréXjawA: Nakodaning Ati

AréXjawA: Nakodaning Ati

Nakodaning Ati

Anggitanipun Madagumilang Semilir ing sajeroning gerimis iki Isih kuwat mbisiki sesenggukanmu Kaya-kaya kuwawa ngrata ombaking samodra garise nasib Kamangka sliramu sing nggeret pengarep-ngarep kuwi tumekaning gisik Nglangkahi wengi nyabrang rob tanpa wayah Tanpa maelu sakehing gubrah Yagene praumu durung kok lekasi Anggone nglari nakodaning ati Ponorogo, 28 April 2009

''Jerbasuki mawa bea''